Pidhato pasrah penganten
Assalamu alaikum wr.wb.
Bismillahirohmanirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin
wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main
ama bakdu. amiin
Dumateng
poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati, dumateng poro sesepuh, pinisepuh
ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati, dumateng pengiring temanten kakung miwah
putri ingkan kawulo hormati, dumateng sagotrah tamu undangan ingkang
berbahagia.
Ingkang
ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng
ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat
dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget
pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan
sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng
temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.
Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah
ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad dumateng
junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu – antu
syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin
bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !
Saklajengipun
wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah, ngaturaken agunge panuwun
dumateng sagotrah tamu undangan. amargi panjenengan sami kerso angrawuhi
undangan walimatul arsy saking tuan rumah.
Salajengipun
kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih
anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah
panjenengan sami. gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten
sopan, lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges
unjukan soho dedaharan ingkang sederhana. sepindah malih kulo atas nami sohibul
kajah ngaturaken pangapunten.
Poro rawuh ingkang minulyo
selajengipun
wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih
puniko Bapak……. nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking
Bapak ……., pinongko walinipun temanten putri. nggeh selama temanten
kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane
keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan
saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh
namung saget ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara
sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun piyambak – piyambak mboten
wonten alangan setunggal punopo. amiin.
sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang
kawulo aturaken, katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan
seh samudro pangaksami.
kawulo akhiri,
Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar